Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 44:22-30 Kitab Sutji (JAV)

22. Sang Yehuwah wus ora tahan maneh mirsani polah-tingkahmu kang ala lan kanisthan kang padha koklakoni, mulane nagaramu wis dadi jugrugan, pagiris lan ipat-ipat sarta ora ana kang ngenggoni kayadene kang wus kelakon saiki iki.

23. Kowe wis padha sesaji kurban lan wis padha nglakoni dosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, padha ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah lan ora manut marang Torete, pranatane lan tatanane, yaiku jalarane kowe banjur padha ketaman ing bilai kayadene kang wus kelakon saiki iki.”

24. Nabi Yeremia nuli ngandika marang rakyat kabeh dalah sakehe wong wadon iku: “Padha rungokna pangandikane Sang Yehuwah, he para wong Yehuda, kang ana ing tanah Mesir.

25. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira! Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik! Wujudna lan luwarana nadarira temenan!

26. He wong Yehuda kang manggon ana ing tanah Mesir, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah. Lah, Ingsun wus supaos, demi asmaningSun kang agung, -- pangandikane Sang Yehuwah -- manawa asmaningSun ora bakal disebut dening sawiji-wijining wong Yehuda ana ing saindenging tanah Mesir, kalawan ngucapake: Demi Gusti Allah kang gesang!

27. Lan Ingsun njaga murih cilakane lan ora murih begjane; sadhengah wong Yehuda kang ana ing tanah Mesir, bakal tiwas dening pedhang lan kaliren, nganti satapise.

28. Mung ana sawatara kang bisa oncat saka ing pedhang -- cacahe mung sethithik -- kang bakal bali mulih saka Mesir menyang tanah Yehuda. Dene sakehing kekarene wong Yehuda kang wus menyang ing tanah Mesir sumedya manggon ana ing kono dadi wong neneka bakal nyumurupi tembunge sapa kang kelakon: pangandikaningSun apa kandhane wong-wong iku.

29. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iki kang minangka tenger, yen Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang sira ana ing panggonan kene, supaya sira sumurupa manawa Ingsun bakal ngleksanani apa kang Sunpangandikakake amrih kasangsaranira.

30. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake Pringon Hofra, ratu ing Mesir marang ing tanganing mungsuhe, lan ing pangwasaning para wong kang ngarah nyawane, kayadene anggoningSun ngulungake Zedhekia, ratu ing Yehuda, marang ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, mungsuhe kang ngarah nyawane.”

maca bab lengkap Yeremia 44