Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 43:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Banjur padha budhal menyang ing tanah Mesir, amarga padha ora gelem ngrungokake marang sabdane Sang Yehuwah. Lakune wus tekan ing Takhpanhes.

8. Ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ana ing Takhpanhes mangkene:

9. “Njupuka watu kang gedhe-gedhe lan pendhemen ana ing lemah lempung sacedhake gapura kadhatone Sang Pringon ing Takhpanhes, ana ing ngarepe para wong Yehuda iku,

10. banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono.

11. Lan samangsa iku teka, bakal nggepuk tanah Mesir:Sing marani pati, maranana pati!Sing menyang ing tawanan, menyanga ing tawanan!Sing marani pedhang, maranana pedhang!

12. Dheweke bakal ngurubake geni ana ing kabuyutane para allah ing Mesir lan bakal ngobong utawa ngangkuti iku dadi tawanan. Lan bakal ngresiki tuma-tuma ing tanah Mesir kayadene para pangon anggone metani sandhangane, nuli bakal lunga saka kono tanpa alangan.

13. Dheweke bakal ngrusak tugu-tuguning brahala Betsyemes kang ana ing Mesir lan bakal ngobongi kabuyutane para allahe Mesir iku.”

maca bab lengkap Yeremia 43