Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 42:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Ingsun bakal ndadekake sira oleh sih-piwelas, temah dheweke mesakake marang sira lan ngendelake bae kowe manggon ana ing tanahira.

13. Nanging manawa sira lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahira, sarta ngucap: Aku emoh manggon ana ing tanah kene,

14. awit gagasanira: Ora! Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana!,

15. he kekarening Yehuda, saiki rungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Manawa sira kedereng sumedya menyang ing tanah Mesir, nuli sira sida mangkat, lan manggon ana ing kana dadi wong neneka,

16. pedhang kang sira wedeni iku bakal nututi sira menyang tanah Mesir lan ora kendhat-kendhat sira bakal diuber-uber dening si luwe, kang koksamari iku, temah sira mati ana ing kana.

17. Sakehing wong kang sumedya menyang ing tanah Mesir arep manggon ana ing kana dadi wong neneka, bakal mati dening pedhang, kaliren lan pageblug; siji bae ora ana kang bisa luwar utawa oncat saka ing bilahi, kang Sundhatengake marang wong iku.

18. Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh.

19. Sang Yehuwah wus ngandika marang sira, he kekarening Yehuda: Poma sira aja menyang Mesir! Pikiren temenan, aku wus ngelingake marang kowe ing dina iki!

20. Kowe wus mblithuk awakmu dhewe, lan marakake nyawamu kena ing bebaya, nalika kowe akon aku sowan marang ing ngarsane Sang Yehwuah, Gusti Allahmu kanthi piweling: Kula panjenengan dongakaken dhateng Sang Yehuwah, saha lajeng panjenengan ngandikakaken dhateng kula sadhawuhipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados sami kula estokaken!

21. Nanging sanadyan aku wus nyumurupake marang kowe ing dina iki, ewadene kowe ora ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku ora miturut marang sakehing pangandikane kang dakterusake marang kowe.

22. Mulane, pikiren kang temenan, manawa kowe kabeh bakal padha mati dening pedhang, kaliren lan pageblug ana ing panggonan kang kokimpi-impi arep kokenggoni dadi wong neneka.”

maca bab lengkap Yeremia 42