Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 42:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Manawa sira tetep manggon ana ing nagara kene, Ingsun bakal mbangun lan ora bakal mbubrah sira. Ingsun bakal ndadekake tuwuhira lan ora bakal mbedholi sira, amarga Ingsun keduwung anggoningSun ndhatengake bilai marang sira.

11. Aja padha wedi marang ratu ing Babil, kang padha kokwedeni. Aja wedi marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun kang nunggal kalawan sira, nylametake sira lan ngluwari sira saka ing tangane.

12. Ingsun bakal ndadekake sira oleh sih-piwelas, temah dheweke mesakake marang sira lan ngendelake bae kowe manggon ana ing tanahira.

13. Nanging manawa sira lumuh ngrungokake sabdane Sang Yehuwah, Gusti Allahira, sarta ngucap: Aku emoh manggon ana ing tanah kene,

14. awit gagasanira: Ora! Aku arep mangkat menyang tanah Mesir, ana ing kana aku ora bakal ngalami paprangan, ora bakal krungu kalasangka lan ora ngrasakake luwe, lan aku bakal padha manggon ana ing kana!,

15. he kekarening Yehuda, saiki rungokna pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Manawa sira kedereng sumedya menyang ing tanah Mesir, nuli sira sida mangkat, lan manggon ana ing kana dadi wong neneka,

16. pedhang kang sira wedeni iku bakal nututi sira menyang tanah Mesir lan ora kendhat-kendhat sira bakal diuber-uber dening si luwe, kang koksamari iku, temah sira mati ana ing kana.

17. Sakehing wong kang sumedya menyang ing tanah Mesir arep manggon ana ing kana dadi wong neneka, bakal mati dening pedhang, kaliren lan pageblug; siji bae ora ana kang bisa luwar utawa oncat saka ing bilahi, kang Sundhatengake marang wong iku.

18. Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh.

maca bab lengkap Yeremia 42