Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 4:8-16 Kitab Sutji (JAV)

8. Mulane manganggoa sandhangan bagor,nangisa lan sesambata,amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita.

9. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Ing wektu iku para raja lan para panggedhe bakal kelangan krekat,para imam bakal padha kagawokan lan para nabi padha kaeraman,

10. sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah,sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika,lan para ingkang manggen ing Yerusalemklayan pangandika Paduka ingkang makaten:Sira padha oleha tentrem rahayu,mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya!”

11. Ing wektu iku bakal dikandhakakemarang bangsa iki lan wong kang manggon ing Yerusalem:“Angin panas saka ing tengger-tengger gundhul ing sagara wedhimidid marang ing putrining umatingSun,dudu angin kang napeni lan ngresiki,

12. nanging angin kang banter kang tekane marga saka dhawuhingSun.Saiki Ingsun piyambak bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku.”

13. Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung,karetane perang rikate kaya prahara,jarane cukate ngluwihi manuk garudha.Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake!

14. He Yerusalem, atinira resikana pialane,supaya sira oleh kaslametan!Isih pira suwene pangrantamira kang alaanggone andhok ana ing atinira?

15. Rungokna! Wong alok-alok saka ing Dhan,martakake bilai saka ing pagunungan Efraim.

16. Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan!Wartakna ing Yerusalem:“Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh,padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.

maca bab lengkap Yeremia 4