Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 4:17-25 Kitab Sutji (JAV)

17. Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

18. Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”

19. Adhuh, dhadhaku, dhadhaku!Aku lara kaya rinemet-remet!Adhuh, pagering jantungku!Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem,amarga aku krungu swaraning kalasangka,gumuruhing perang.

20. Gempuran-gempuran kawartakake,saindenging nagara dirusak,kemahku dirusak dadakansamono uga tendhaku mung sakedhap netra.

21. Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku,lan krungu swaraning kalasangka iku?

22. “UmatingSun iku nyata-nyata bodho,padha ora wanuh marang Ingsun.Bocah-bocah kang goblog,lan ora ngreti apa-apa,pintere yen nindakake piala,nanging panggawe becik ora dimangreteni.”

23. Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung,lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.

24. Aku ndeleng gunung-gunung,lah padha gonjang-ganjing,lan sakehing tengger-tengger padha horeg.

25. Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa,lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.

maca bab lengkap Yeremia 4