16. Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan!Wartakna ing Yerusalem:“Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh,padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.
17. Patrape kaya wong kang tunggu pategalan,ngubengi saka ing keblat papat;amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
18. Tindak-tandukira lan panggawenirakang njalari iku kabeh nempuh marang sira.Iku nasibira kang ala, sapira paite,nganti njojoh atinira.”
19. Adhuh, dhadhaku, dhadhaku!Aku lara kaya rinemet-remet!Adhuh, pagering jantungku!Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem,amarga aku krungu swaraning kalasangka,gumuruhing perang.
20. Gempuran-gempuran kawartakake,saindenging nagara dirusak,kemahku dirusak dadakansamono uga tendhaku mung sakedhap netra.
21. Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku,lan krungu swaraning kalasangka iku?
22. “UmatingSun iku nyata-nyata bodho,padha ora wanuh marang Ingsun.Bocah-bocah kang goblog,lan ora ngreti apa-apa,pintere yen nindakake piala,nanging panggawe becik ora dimangreteni.”
23. Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung,lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.
24. Aku ndeleng gunung-gunung,lah padha gonjang-ganjing,lan sakehing tengger-tengger padha horeg.
25. Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa,lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.
26. Lah aku ndeleng tanah kang maune suburjebul wus dadi pasamunan,lan sakehing kuthane wus padha jugrugana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad!