Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 39:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.

6. Sang Nata ing Babil nuli dhawuh nyembeleh para putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane ana ing Ribla; sakehing panggedhene Yehuda padha disembeleh uga dening ratu ing Babil.

7. Tumuli tingale Sang Prabu Zedhekia dicuplak, wasana dikecrek mawa rante tembaga, ditawan menyang ing tanah Babil.

8. Wadya-bala Kasdim padha ngobongi kraton lan omah-omahe rakyat, banjur njugrugake balowartine Yerusalem.

9. Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, banjur nawan para kekarening rakyat kang isih ana ing kutha iku, lan wong-wong padha mbalik ngrojongi mungsuh apadene kekarening para kriya, padha dibuwang menyang ing Babil.

10. Nanging saperanganing rakyat, yaiku para wong mlarat kang ora duwe apa-apa, ditinggal ana ing tanah Yehuda dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal. Ing kala semana wong-wong padha diparingi pakebonan anggur lan pategalan dadi darbeke.

11. Tumrap Nabi Yeremia, Sang Prabu Nebukadnezar, nata ing Babil, wus paring dhawuh lumantar Sang Nebuzaradan panggedhening prajurit pengawal, mangkene:

12. “Wong iku boyongen lan sira openana, aja sira kapak-kapakake, nanging turutana apa kang dadi panjaluke marang sira!”

13. Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton, tuwin Sang Senapati Nergal-Sarezer, lan sakehing prawira-agunge nata ing Babil, padha utusan wong --

14. padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat.

maca bab lengkap Yeremia 39