Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 39:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita nalika Yerusalem dibedhah -- sajroning taun kang kaping sangane paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasepuluh, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kadherekake wadya-balane, ngepung kutha Yerusalem;

2. ing sajrone tahun kang kaping sawelase paprentahane Sang Prabu Zedhekia, ing sasi kapat, nalika tanggal sanga sasi iku, balowartine kutha iku kabedhah --

3. para prawirane ratu ing Babil iku, banjur ngejegi gapura tengah, yaiku: Sang Nergal-Sarezer, panggedhe saka Sin-Magir, Senapati, lan Sang Nebusyazban, panggedhening kraton lan para prawira liyane, abdine ratu ing Babil.

4. Bareng Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, mirsa iku kabeh banjur lolos, kadherekake para wadya-balane, anggone nilar kutha iku ing wayah bengi, miyos ing dalan ing patamananing Sang Prabu, nglangkungi gapura ing antarane balowarti loro, banjur dharat ngener ing Araba-Yarden.

5. Nanging diburu dening wadya-bala Kasdim lan Sang Prabu Zedhekia kacandhak ana ing lebak Yerikho; panjenengane dicepeng nuli diirid menyang Ribla, ing tanah Hamat, marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, kang netepake paukumane.

6. Sang Nata ing Babil nuli dhawuh nyembeleh para putrane Sang Prabu Zedhekia ana ing ngarsane ana ing Ribla; sakehing panggedhene Yehuda padha disembeleh uga dening ratu ing Babil.

maca bab lengkap Yeremia 39