Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 36:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane.

7. Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane Sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, amarga gedhe bebendune lan mulad-mulading deduka kang diagem ngancam dening Sang Yehuwah marang bangsa iki.”

8. Barukh bin Neria nindakake ceples kaya kang kadhawuhake Nabi Yeremia, yaiku macakake pangandikane Sang Yehuwah saka kitab iku ana ing padalemane Sang Yehuwah.

9. Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda.

10. Barukh nuli macakake pangandikane Nabi Yeremia saka ing kitab iku marang rakyat kabeh ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kamare Gemarya, anake panitra Safan, ana ing plataran ndhuwur, ing sangareping gapuraning padalemane Sang Yehuwah kang anyar.

11. Bareng Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu sakehing pangandika saka ing kitab mau,

12. banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane.

13. Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para panggedhe mau sakehing pangandika kang dirungu, nalika Barukh macakake kitab iku marang wong akeh.

14. Para panggedhe mau tumuli dhawuh marang Yehudi bin Netanya bin Selemya bin Kusyi supaya matur marang Barukh: “Gulungan kang mentas kokwacakake marang wong akeh iku gawanen lan mrenea!”

15. Barukh tumuli mara karo nggawa gulungan mau. Dhawuhe para panggedhe: “Lungguha lan iku wacakna marang aku kabeh!”

maca bab lengkap Yeremia 36