Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 36:21-28 Kitab Sutji (JAV)

21. Sang Prabu banjur dhawuh marang Yehudi mundhut layang gulungan mau saka ing kamare panitra Elisama. Yehudi nuli macakake kitab iku marang Sang Prabu lan sakehing panggedhe kang padha ngadeg ana ing sandhinge Sang Prabu.

22. Nalika iku pinuju sasi kasanga lan Sang Prabu lagi lenggah ana ing bale kanggo mangsa atis; rada kepara ngarsane Sang Prabu ana geni prapen murub.

23. Saben-saben Yehudi rampung pamacane oleh telu utawa patang kaca, Sang Prabu nyebit-nyebit layang iku mawa lading pangirisan, banjur kabucal ing prapen, nganti layang gulungan iku entek kaobong ana ing prapen mau.

24. Sang Prabu apadene para punggawane kang padha mireng pangandika iku ora ana kang kejot utawa nyuwek-nyuwek pangagemane.

25. Sanadyan Elnatan, Delaya lan Gemarya wus padha ngaturi supaya aja mbesmi layang gulungan iku, ewadene Sang Prabu ora karsa ndhahar ature.

26. Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau.

27. Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

28. “Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.

maca bab lengkap Yeremia 36