Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 36:18-31 Kitab Sutji (JAV)

18. Wangsulane Barukh marang wong-wong iku: “Sakathahing pangandika punika kula tampi lajeng kemawon saking tutukipun Nabi Yeremia, lajeng kula serati mawi mangsi wonten ing kitab.”

19. Para panggedhe nuli celathu marang Barukh: “Lungaa lan ndhelika bareng karo Nabi Yeremia! Aja nganti ana wong kang nyumurupi panggonanmu!”

20. Para panggedhe mau banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing plataran, sawise gulungan mau disinggahake ana ing kamare panitra Elisama. Nuli ngaturake pangandika iku kabeh marang Sang Prabu.

21. Sang Prabu banjur dhawuh marang Yehudi mundhut layang gulungan mau saka ing kamare panitra Elisama. Yehudi nuli macakake kitab iku marang Sang Prabu lan sakehing panggedhe kang padha ngadeg ana ing sandhinge Sang Prabu.

22. Nalika iku pinuju sasi kasanga lan Sang Prabu lagi lenggah ana ing bale kanggo mangsa atis; rada kepara ngarsane Sang Prabu ana geni prapen murub.

23. Saben-saben Yehudi rampung pamacane oleh telu utawa patang kaca, Sang Prabu nyebit-nyebit layang iku mawa lading pangirisan, banjur kabucal ing prapen, nganti layang gulungan iku entek kaobong ana ing prapen mau.

24. Sang Prabu apadene para punggawane kang padha mireng pangandika iku ora ana kang kejot utawa nyuwek-nyuwek pangagemane.

25. Sanadyan Elnatan, Delaya lan Gemarya wus padha ngaturi supaya aja mbesmi layang gulungan iku, ewadene Sang Prabu ora karsa ndhahar ature.

26. Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau.

27. Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

28. “Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.

29. Yoyakim, ratu ing Yehuda iku sira tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira wus ngobong gulungan iku sarta kandha: Geneya sira nulis ana ing kono, manawa ratu ing Babil mesthi bakal teka nyirnakake nagara kene lan mbengkas manungsa lan kewan ing kono?

30. Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.

31. Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”

maca bab lengkap Yeremia 36