Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 34:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Ewadene sanadyan makaten, kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, dhuh Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan dalem: Sira ora bakal mati dening pedhang!

5. Sira bakal mati kanthi tentrem. Sira isih bakal dikurmati sarana obong-obongan kaya para leluhurira, para ratu ing jaman biyen, ing sadurunge sira; mangkono uga sira isih ditangisi kalawan tembung pangadhuh: Adhuh Gusti! Sanyata Ingsun kang ndhawuhake pangandika iki. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah.”

6. Nabi Yeremia banjur ngaturake pangandika iku marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ana ing Yerusalem,

7. nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.

8. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse Sang Prabu Zedhekia damel prajanjian karo rakyat ing Yerusalem kabeh supaya ngundhangake kamardikan,

9. supaya saben wong ngluwarana bature bangsa Ibrani, iya lanang iya wadon, amrih dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur wong Yehuda, sadulure.

10. Sakehing panggedhe, lan rakyat kabeh kang padha melu ing prajanjian iku padha nyarujuki manawa saben wong bakal ngluwari bature lanang lan wadon, supaya padha dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur panunggalane wong iku. Wong-wong padha nyarujuki lan padha mardikakake para bature.

11. Nanging sawuse iku padha salin gagasan, banjur njupuk batur kang wus padha dimardikakake, padha dipeksa ngenger maneh, lanang lan wadon.

12. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

13. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:

14. Ing sawuse pitung taun sira siji-sijine kudu mardikakake sadulure bangsa Ibrani kang wus padha ngedol awake marang sira; dheweke bakal padha ngenger nem taun suwene, nuli kudu kokluwari banjur dadi wong mardika. Nanging para leluhurira ora padha ngestokake lan nggatekake marang dhawuhingSun.

maca bab lengkap Yeremia 34