Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 34:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Ing sawuse pitung taun sira siji-sijine kudu mardikakake sadulure bangsa Ibrani kang wus padha ngedol awake marang sira; dheweke bakal padha ngenger nem taun suwene, nuli kudu kokluwari banjur dadi wong mardika. Nanging para leluhurira ora padha ngestokake lan nggatekake marang dhawuhingSun.

15. Ing dina iki sira wus padha mratobat lan nglakoni apa kang bener ana ing ngarsaningSun, amarga saben wong wus padha ngundhangake kamardikan marang sadulure lan sira wus prajanji ana ing ngarsaningSun ana ing padaleman, kang ing sadhuwure sinebut asmaningSun.

16. Nanging sira banjur padha salin gagasan lan njemberake asmaningSun: sira sawiji-wijine padha mbaleni bature lanang lan wadon, kang wis sira mardikakake miturut pepenginane, lan meksa para wong iku dadi baturira maneh.

17. Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.

18. Lan Ingsun bakal ngulungake para wong kang nerak prajanjianingSun lan ora nuhoni isining prajanjian, kang digawe ana ing ngarsaningSun kanthi nyigar pedhet dadi loro, sarta banjur lumaku ing antaraning sigarane,

19. para panggedhe Yehuda, para panggedhe Yerusalem, punggawa karaton, para imam lan rakyat kabeh kang wus mlaku ing antarane sigaraning pedhet iku,

20. wong iku bakal padha Sunulungake marang tanganing mungsuhe, lan para wong kang ngarah nyawane, wasana mayite banjur bakal dadi pakane manuk ing awang-awang lan kewan ing bumi.

21. Uga Zedhekia, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene bakal Sunulungake marang tanganing mungsuh lan marang wong kang ngarah nyawane tuwin marang ing tangane wadya-balane ratu ing Babil, kang ing wektu iki padha budhalan ninggal sira.

22. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, Ingsun wus paring dhawuh lan mangsulake wadya-bala iku menyang ing kutha kene, banjur nempuh perang, mbedhah lan ngobong kutha iki. Kutha-kuthane Yehuda bakal Sundamel ludhes, nganti ora ana wong kang ngenggoni.”

maca bab lengkap Yeremia 34