Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 34:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil lan sakehing wadya-balane, sakehing karajan ing bumi, reh-rehane, lan sakehing bangsa mangsah perang nglawan Yerusalem tuwin sakehing kutha-kutha wewengkone:

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sira lungaa, aturna marang Zedhekia, ratu ing Yehuda, pangandika iki: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang ing tangane ratu ing Babil, supaya diobong.

3. Lan sira dhewe ora bakal bisa oncat saka ing tangane, sira mesthi bakal kecekel lan dipasrahake marang ing tangane; sira bakal mandeng adu-arep karo ratu ing Babil, lan sapocapan karo dheweke, sarta sira bakal ditawan menyang ing Babil.

4. Ewadene sanadyan makaten, kawula aturi miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, dhuh Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap panjenengan dalem: Sira ora bakal mati dening pedhang!

5. Sira bakal mati kanthi tentrem. Sira isih bakal dikurmati sarana obong-obongan kaya para leluhurira, para ratu ing jaman biyen, ing sadurunge sira; mangkono uga sira isih ditangisi kalawan tembung pangadhuh: Adhuh Gusti! Sanyata Ingsun kang ndhawuhake pangandika iki. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah.”

6. Nabi Yeremia banjur ngaturake pangandika iku marang Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, ana ing Yerusalem,

7. nalika wadya-balane ratu ing Babil nempuh perang nglawan Yerusalem lan kekarene kutha-kuthane Yehuda, yaiku Lakhis lan Aseka, amarga panunggalane kutha-kuthane Yehuda mung kari iku kang isih ana balowartine.

8. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse Sang Prabu Zedhekia damel prajanjian karo rakyat ing Yerusalem kabeh supaya ngundhangake kamardikan,

9. supaya saben wong ngluwarana bature bangsa Ibrani, iya lanang iya wadon, amrih dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur wong Yehuda, sadulure.

10. Sakehing panggedhe, lan rakyat kabeh kang padha melu ing prajanjian iku padha nyarujuki manawa saben wong bakal ngluwari bature lanang lan wadon, supaya padha dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur panunggalane wong iku. Wong-wong padha nyarujuki lan padha mardikakake para bature.

11. Nanging sawuse iku padha salin gagasan, banjur njupuk batur kang wus padha dimardikakake, padha dipeksa ngenger maneh, lanang lan wadon.

12. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

13. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Ingsun piyambak wus damel prajanjian kalawan para leluhurira, ing nalika padha Sunentasake saka ing tanah Mesir, saka ing tanah pangawulan, isine:

maca bab lengkap Yeremia 34