Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 33:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. bakal keprungu maneh sabawaning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon, swaraning wong kang padha ngucapake:Ngaturna puji panuwun marang Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi,amarga Sang Yehuwah iku asih-darma,sih-susetyane iku langgeng ing salawase!,karo ngaturake kurban panuwun ana ing padalemane Sang Yehuwah. Amarga Ingsun bakal mulihake kaanane nagara iki kaya ing maune. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12. Pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, mangkene: Ing tlatah kene, kang wis dadi jugrugan, ora didunungi manungsa lan kewan, tuwin ing sakehing kuthane, bakal ana pangonan maneh kanggo para pangon, kang mlegungake wedhus-wedhuse ana ing kono.

13. Ing kutha-kutha Pagunungan, ing kutha-kutha Tlatah Pagunungan, ing kutha-kutha ing Tanah Negeb, ing tlatahe Benyamin, ing saubenge Yerusalem lan ing kutha-kuthane Yehuda, wedhus-wedhus bakal liwat maneh ana ing sangisoring tangane kang ngetung. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

14. “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing mangsane anggoningSun bakal nuhoni prasetya, kang Sunparingake marang tedhak turune Israel lan Yehuda.

15. Ing wektu lan ing mangsa iku Ingsun bakal nuwuhake Trubusing kaadilan tumrap Dawud, kang bakal nindakake kaadilan lan kabeneran ana ing nagara.

16. Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.

17. Amarga pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Tedhak turune Dawud bakal ora pedhot-pedhot nglungguhi dhamparing kratone bangsa Israel!

18. Lan tedhak turune para imam bangsa Lewi uga ora kendhat-kendhat nyaosake kurban obaran, lan kurban dhaharan, apadene kurban sembelehan ing sauruting jaman, ana ing ngarsaningSun.”

19. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, mangkene:

20. “Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Manawa sira bisa mbubrah prasetyaningSun marang rina lan wengi, temah rina lan wengi ora netepi ing wayahe,

21. ing kono prajanjianingsun marang abdiningSun Dawud uga bisa kabubrah, temah ora duwe turun maneh kang nglungguhi dhamparing kratone, mangkono uga prasetyaningSun karo bangsa Lewi, yaiku para imam kang dadi paladeningSun.

22. Kayadene bala ing langit kang tanpa wilangan kehe tuwin kaya wedhining sagara kang ora kena tinaker, iya kaya mangkono uga anggoningSun nangkar-nangkarake tedhak turune Dawud lan para wong Lewi, kang ngladeni Ingsun.”

maca bab lengkap Yeremia 33