Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 32:24-39 Kitab Sutji (JAV)

24. Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.

25. Ewadene Paduka, dhuh Pangeran Yehuwah, sampun ngandika dhateng kawula: Pategalan iku tukunen kalawan salaka sarta seksekna. -- Mangka kitha punika sampun kaulungaken dhateng tanganipun tiyang Kasdim.”

26. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

27. “Sanyatane, Ingsun iki Yehuwah, Gusti Allahe sakehing titah; apa ana barang kang mokal tumrap Ingsun?

28. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun maringake kutha iki marang tangane wong Kasdim lan marang Nebukadnezar, ratu ing Babil, lan dheweke bakal mbedhah kutha iki.

29. Kutha iki bakal kaobong lan kadadekake areng dening wong Kasdim kang merangi, dalah omah-omah kang payone kanggo papan kekutug nyembah marang brahala Baal lan kanggo gawe sesajen omben-omben marang allah liyane, kanggo nukulake gerahing galihingSun.

30. Amarga wong Israel lan wong Yehuda mung tansah nglakoni kang ala ana ing ngarsaningSun wiwit nom-noman mula, sanyata, wong Israel mung tansah nuwuhake gerahing panggalihingSun srana panggawening tangane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

31. Lan kutha iki wiwit madege nganti saprene tansah marakake duka lan mulad-mulading bebenduningSun, mulane mesthi Sunbengkas saka ing ngarsaningSun,

32. marga saka sakehing piala kang dilakoni dening wong Israel lan Yehuda, kang nukulake gerahing panggalihingSun, sarta dening para wong iku dhewe, para ratune, para panggedhene, para imame, para nabine, wong Yehuda lan wong kang manggon ing kutha Yerusalem.

33. Wong iku padha nyingkur Ingsun lan ora madhep marang Ingsun, lan sanadyan anggoningSun merdi tanpa kendhat, lumuh ngrungokake lan nanggapi pamerdiningSun.

34. Dewa-dewane kang marakake najis dipapanake ana ing padalemaningSun, kang ing dhuwure asmaningSun sinebut, kanggo najisake iku.

35. Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.

36. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel -- tumrap kutha iki kang kokarani: wus diulungake marang tangane ratu ing tanah Babil, marga saka pedhang, pailan lan pageblug:

37. Sanyatane, Ingsun ngempalake para wong iku saka ing sakehing nagara, papan anggoningSun mbuyarake marga saka dukaningSun, mulad-mulading bebenduningSun lan gedhening pamuringingSun, lan Ingsun bakal ngulihake para wong iku mrene lan Sundamel tentrem pamanggone.

38. Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.

39. Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.

maca bab lengkap Yeremia 32