Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 32:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Ana ing ngarepe para wong iku aku meling marang Barukh, tembungku:

14. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Layang-layang iki jupuken iya kang mawa ecap, iya turunane kang bukakan, kabeh dokokna ana ing wadhah grabah supaya awet suwe.

15. Amarga mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Wong bakal tuku omah, pategalan lan kebon anggur maneh ana ing nagara kene.

16. Layang pratandha iku sawuse dakpasrahake marang Barukh bin Neria, aku nuli ndedonga, aturku:

17. Dhuh Pangeran Yehuwah! Saestu Paduka punika ingkang nitahaken langit tuwin bumi, kaliyan karosan Paduka ingkang ageng, lan asta Paduka ingkang kaegaraken. Boten wonten barang ingkang mokal kagem Paduka!

18. Paduka ingkang ngatingalaken sih-susetya Paduka dhateng tiyang ewon-ewon, ingkang malesaken dosanipun bapa dhateng anak-anakipun ing sapengkeripun. Dhuh Gusti Allah ingkang agung tuwin kuwaos, asma Paduka punika ingkang sinebut Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.

19. Agung rancangan Paduka saha agung pakaryan Paduka; tingal Paduka ngudaneni sadaya tindak-tanduking anakipun manungsa lan paring ganjaran dhumateng saben tiyang timbang kaliyan tindak-tanduk miwah wohing pandamelipun.

20. Paduka punika ingkang ngatingalaken pratandha tuwin kaelokan wonten ing tanah Mesir, ngantos dumugi ing dinten punika dhateng Israel lan dhateng umat manungsa, temah asma Paduka kasuwur, kados ingkang kacetha ing dinten punika.

21. Paduka sampun ngentasaken umat Paduka Israel saking tanah Mesir klayan pratandha tuwin kaelokan, srana asta ingkang rosa saha kaacungaken, sarta kanthi pagiris ingkang ngebat-ebati.

22. Punapadene Paduka sampun maringi tanah punika kados ingkang Paduka prasetyakaken klayan supaos, dhateng para leluhuripun, bilih badhe Paduka paringaken, tanah ingkang luber puwan saha maben.

23. Wasana sami mlebet ing tanah punika, ingkang lajeng dipunejegi, nanging sami boten ngestokaken dhateng dhawuh Paduka, boten miturut dhateng Toret Paduka; sami boten nglampahi sadaya ingkang Paduka dhawuhaken, supados dipun lampahi. Milanipun Paduka ndhawahaken sadaya bilai punika.

24. Lah, tembok-tembok ingkang badhe kadamel ngepang lan mbedhah kitha punika sampun celak; kalayan pedhang, pailan lan pageblug kitha punika sampun dipun ulungaken dhateng tiyang Kasdim ingkang sami nempuh. Ingkang Paduka ngandikakaken punika sampun kaleksanan; Paduka piyambak sampun nguningani.

25. Ewadene Paduka, dhuh Pangeran Yehuwah, sampun ngandika dhateng kawula: Pategalan iku tukunen kalawan salaka sarta seksekna. -- Mangka kitha punika sampun kaulungaken dhateng tanganipun tiyang Kasdim.”

26. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

maca bab lengkap Yeremia 32