Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 32:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia ing tahun kang kaping sapuluhe jumenenge Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda, iku taun kang kaping wolulase jumenenge Sang Prabu Nebukadnezar.

2. Ing wektu iku wadya-balane ratu ing Babil ngepung kutha Yerusalem, dene Nabi Yeremia kinunjara ana ing plataraning pajagan ing kratone ratu ing Yehuda.

3. Nabi Yeremia anggone kakunjara ana ing kono dening Sang Prabu Zedhekia, ratu ing Yehuda iku, awit kadakwa meca mangkene: “Yagene sira meca: Mangkene pangandikane Sang Yehwuah: Lah, Ingsun bakal ngulungake kutha iki marang tangane ratu ing Babil, supaya diebroki;

4. Zedhekia, ratu ing Yehuda, bakal ora bisa oncat saka tangane wong ing Kasdim nanging mesthi bakal diulungake marang ratu ing Babil, temah dheweke bakal sapocapan adu arep, sarta pandeng-pandengan karo dheweke.

5. Zedhekia bakal kaangkatake menyang ing Babil lan bakal manggon ana ing kana, nganti Ingsun nggalih marang dheweke, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Manawa sira perang nglawan wong ing Kasdim iku, sira ora bakal begja!”

6. Pangandikane Nabi Yeremia: “Aku wus kadhawuhan dening Sang Yehuwah, mangkene:

7. Lah, Hanameel, anake Salum, pamanira, bakal nemoni sira kalawan usul: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-nebus lan numbas.

8. Sawuse mangkono cundhuk karo pangandikane Sang Yehuwah, Hanameel, nakdulurku, nuli nemoni aku ana ing plataraning pajagan lan ngusulake marang aku: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, ing tlatahipun Benyamin, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-ndarbeni lan hak-nebus; sampeyan tumbas punika! Aku banjur ngreti, yen prakara iku saka Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Yeremia 32