Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 30:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Iki pangandikane kang didhawuhake dening Sang Yehuwah bab Israel lan Yehuda:

5. “Lah, Ingsun wus padha miyarsa,panjerit marga saka wedi,pagiris lan ora ana katentreman,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

6. Coba takona lan titipriksanen,apa ana wong lanang kang nglairake anak?Geneya Sunpirsani sadhengah wong lanangnumpangake tangane ing lambunge kaya patrape wong wadon, kang nglarani?Geneya polatane padha katon pucet?

7. Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku,ora ana tandhinge;iku dina karubedan tumrap Yakub,nanging bakal linuwaran.

8. Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --, Ingsun bakal mutung pasangane saka ing gulune wong-wong iku lan medhoti tali-taline kang ningseti lan wong iku bakal ora padha ngawula maneh marang wong ngamanca.

9. Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake.

10. He abdiningSun Yakub, sira aja wedi,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,he Israel, sira aja miris!Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh,lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan.Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram,ora ana kang ngeget-egeti.

11. Amarga Ingsun nunggil klawan sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,prelu mitulungi sira.Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe,iku bakal Sunsirnakake,nanging sira ora bakal Suntumpes tapis.Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger,nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.

12. Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Laranira wus banget,tatunira ora bisa ditambani!

maca bab lengkap Yeremia 30