Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 30:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Sakehe wong kang dhemen marang sira,wus padha lali marang sira,wus ora ana kang nakokake sira maneh.Lah Ingsun wus nggebagi sirakaya patraping satruklawan gebugan kang wengis.Amarga kaluputanira akeh,sarta akeh cacahe dosanira.

15. Yagene sira sambat-sambat marga saka laranira,saka perihira kang banget?Sarehne kaluputanira akeh,sarta akeh banget cacahe dosanira,mulane Ingsun nandukake iku kabeh marang sira.

16. Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe,lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan;wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan,lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.

17. Amarga Ingsun bakal maluyakake sira,Ingsun bakal ngusadani memalanira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan,yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan.

18. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Lah, Ingsun bakal mulihake kaanane tarub-tarube Yakub,lan melasi papan-papan panggonane;kutha iku bakal dibangun maneh ana ing sadhuwure jugrugane,lan kratone bakal ngadeg ana ing panggonane lawas.

19. Kidung panuwun bakal keprungu ana ing satengahe,uga swarane wong sukarena,Ingsun bakal ndadekake tangkar-tumangkar,lan ora bakal suda maneh.Ingsun bakal ndadekake wong iku padha linuhurakelan ora disepelekake maneh!

20. Anak-anake bakal dadi padha kaya biyen,lan pasamuwane bakal tetep lestari ana ing ngarsaningSun.Ingsun bakal ngukum sakehing wong kang padha meres.

21. Wong kang ngereh bakal jumedhul saka ing antarane wong-wong iku dhewelan wong kang ngwasani bakal muncul saka ing tengahe;Ingsun bakal damel bisa seba wong iku,lan cedhak kalawan Ingsun.Amarga sapa kang wani ngetohake nyawanesupaya cedhak kalawan Ingsun?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

22. Dene sira bakal dadi umatingSunlan Ingsun dadi Allahira.”

23. Delengen! Angin praharane Sang Yehuwah,yaiku bentering bebendune,wus miyos nyamber-nyamber,-- angin lesus --lan nempuh sirahe para wong duraka.

24. Bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ikuora bakal sirep,nganti apa kang wus rinancang ana ing galihewus kaleksanan lan maujud;ing wekasaning jaman sira bakal ngreti bab iku.

maca bab lengkap Yeremia 30