Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 30:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. He abdiningSun Yakub, sira aja wedi,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,he Israel, sira aja miris!Amarga, lah Ingsun ngluwari sira saka ing panggonan adoh,lan turunira saka ing nagaraning pambuwangan.Yakub bakal mulih lan uripe bakal jenjem lan tentram,ora ana kang ngeget-egeti.

11. Amarga Ingsun nunggil klawan sira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,prelu mitulungi sira.Sakehing bangsa kang Sunpasrahi sira ana ing satengahe,iku bakal Sunsirnakake,nanging sira ora bakal Suntumpes tapis.Ingsun bakal nggebagi sira wewaton angger-angger,nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.

12. Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Laranira wus banget,tatunira ora bisa ditambani!

13. Ora ana kang mbelani wewenangira,ora ana tambane wudunira,sira ora bakal bisa mari!

14. Sakehe wong kang dhemen marang sira,wus padha lali marang sira,wus ora ana kang nakokake sira maneh.Lah Ingsun wus nggebagi sirakaya patraping satruklawan gebugan kang wengis.Amarga kaluputanira akeh,sarta akeh cacahe dosanira.

15. Yagene sira sambat-sambat marga saka laranira,saka perihira kang banget?Sarehne kaluputanira akeh,sarta akeh banget cacahe dosanira,mulane Ingsun nandukake iku kabeh marang sira.

16. Nanging kabeh kang nguntal sira, bakal kauntal dhewe,lan sakehing satrunira bakal padha lumebu ing tawanan;wong kang ngrayah sira, bakal padha dadi rayahan,lan sakehing wong kang njarah sira bakal padha Sundadekake jarahan.

17. Amarga Ingsun bakal maluyakake sira,Ingsun bakal ngusadani memalanira,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,amarga wong iku padha ngarani sira wong buwangan,yaiku kekarene kang ora ana kang nakokake babar pisan.

maca bab lengkap Yeremia 30