Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 30:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia:

2. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Sakehe pangandika kang Sundhawuhake marang sira iku tulisen ana ing buku.

3. Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda -- pangandikane Sang Yehuwah -- lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.”

4. Iki pangandikane kang didhawuhake dening Sang Yehuwah bab Israel lan Yehuda:

5. “Lah, Ingsun wus padha miyarsa,panjerit marga saka wedi,pagiris lan ora ana katentreman,-- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

6. Coba takona lan titipriksanen,apa ana wong lanang kang nglairake anak?Geneya Sunpirsani sadhengah wong lanangnumpangake tangane ing lambunge kaya patrape wong wadon, kang nglarani?Geneya polatane padha katon pucet?

7. Adhuh, iba ta anggone nggegirisi dina iku,ora ana tandhinge;iku dina karubedan tumrap Yakub,nanging bakal linuwaran.

8. Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --, Ingsun bakal mutung pasangane saka ing gulune wong-wong iku lan medhoti tali-taline kang ningseti lan wong iku bakal ora padha ngawula maneh marang wong ngamanca.

9. Wong iku bakal padha ngabdi marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan marang Dawud, ratune kang bakal Sunjumenengake.

maca bab lengkap Yeremia 30