Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 29:22-32 Kitab Sutji (JAV)

22. temah iku bakal didadekake ipat-ipat dening sakehe wong buwangan saka Yehuda kang padha ana ing Babil, mangkene ujare: Kareben Sang Yehuwah nandukake marang kowe kaya Zedhekia lan Akhab kang padha dipanggang ing geni dening ratu ing Babil!,

23. amarga saka anggone nglakoni duraka ana ing Israel, laku bandrek karo bojoning pepadhane, lan ngucapake doracara kalawan nyebut asmaningSun, mangka iku ora Sundhawuhake marang wong-wong iku. Ingsun piyambak nguningani lan nekseni piyambak prakara iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

24. Marang Semaya, wong Nekhelam iku, sira kandhaa mangkene:

25. “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sarehne sira wus kirim layang atas jenengira dhewe, marang sakehing wong kang ana ing Yerusalem, yaiku marang Imam Zefanya bin Maaseya lan para imam kabeh, surasane:

26. Sang Yehuwah wus ngangkat sira dadi imam nggenteni Imam Yoyadha, supaya sira dadi juru ngawat-awati ana ing padalemane Sang Yehuwah, supaya mbelok sadhengah wong owah kang ngaku nabi lan ngalungi rante wesi wong iku ing gulune,

27. mulane, yagene sira saiki kok ora nyaruwe Yeremia wong Anatot iku, kang ngaku nabi ana ing antaramu?

28. Wong iku rak kirim piweling marang aku kabeh kang ana ing Babil, unine: Anggonmu ana ing pambuwangan iku isih suwe. Ngadegna omah, kang kokenggoni, gawea pakebonan, kang kena kokpangan pametune!”

29. Layang iki diwacakake Imam Zefanya, marang Nabi Yeremia.

30. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

31. “Ngirimna piweling marang sakehing wong buwangan iku: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah mungguh Semaya wong ing Nekhelam iku: Sarehne Semaya wis meca marang sira, sanadyan ora Sunutus, lan marakake sira padha pracaya marang doracara,

32. mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang Semaya, wong ing Nekhelam iku, lan saturun-turune; kulawargane siji bae ora ana kang bakal manggon ing tengahe bangsa iki lan nyumurupi kabecikan, kang bakal Suntandukake marang umatingSun, amarga wong iku ngajak murtad saka ing ngarsane Sang Yehuwah. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeremia 29