Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 28:11 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Hananya ngandika ana ing ngarepe rakyat kabeh: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Iya kaya mangkono anggoningSun bakal mutung pasangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, Sunbuwang saka ing gulune para bangsa sajroning rong taun iki!” Nanging Nabi Yeremia nuli tindak saka kono.

maca bab lengkap Yeremia 28

tampilan Yeremia 28:11 ing konteks