Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 23:21-30 Kitab Sutji (JAV)

21. “Ingsun ora ngutus para nabi iku,ewadene padha mempeng,Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku,ewadene padha memeca.

22. Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan,mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun,lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang alatuwin panggawene kang dursila.

23. Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan,nanging kang ana ing kadohan uga.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

24. Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan,apa Ingsun ora pirsa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --Apa dudu Ingsun kang ngebekilangit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25. Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen!

26. Nganti sapira suwene bab iku ana ing batine para nabi, kang doracara lan medharake saka pangothak-athike dhewe,

27. kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?

28. Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere!Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum?Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

29. PangandikaningSun rak prasasat geni, --mangkono pangandikane Sang Yehuwah --lan kaya palu kang ngremuk gunung parang?

30. Mulane, lah Ingsun bakal nglawan para nabi kang padha nyolong pangandikaningSun saka kancane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

maca bab lengkap Yeremia 23