Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 23:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. “Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

2. Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

3. Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.

4. Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

5. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.

6. Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.

7. Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,

8. nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”

9. Bab para nabi.Atiku remuk sajroning dhadhaku.Sakehing balungku gograg.Kaananku kaya wong mendem,kaya wong lanang kang keladuk anggone ngombe anggur,awit saka Sang Yehuwahlan pangandikane kang suci.

10. Nagara wus kebak wong laku jina;sanyata marga saka ipat-ipat ikinagara iki dadi garing,lan suket-suket ing ara-ara padha alum;kang diburu mung piala,lan karosane iku anggone padha ora adil.

11. “Sanyata, nabia, imama padha dursila;ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12. Mulane dalan kang diambah para wong ikubakal kaya dalan kang lunyu;ana ing petengan bakal padha kesandhunglan tiba ana ing kono,amarga Ingsun bakal ndhatengake bilaitumrap para wong ikuing sajroning taun nalika padha kaukum.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13. Ing kalangane para nabi ing Samaria,Ingsun nguningani ana kang ora patut,padha meca demi Baallan padha nasarake umatingSun Israel.

14. Nanging ing kalangane para nabi ing YerusalemIngsun nguningani pokal kang rusuh,padha laku jina lan tumindak ora jujur,padha mangkotake atine wong kang nindakake piala,temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane.Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun,sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”

maca bab lengkap Yeremia 23