Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 21:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandika kang kadhawuhake Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, nalika Sang Prabu Zedhekia ngutus Imam Pasyhur bin Malkia lan Imam Zefanya bin Maaseya, kanthi wineling mangkene:

2. “Panjenengan mugi karsaa neges dhumateng Sang Yehuwah, amargi Sang Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil nempuh perang! Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nindakaken tumrap kula sami kadosdene kaelokan ingkang sampun kalampahan, temah Sang Prabu Nebukadnezar wau mundur nilar kula.”

3. Pangandikane Nabi Yeremia marang para utusan mau: “Munjuka marang Sang Prabu Zedhekia mangkene:

4. Pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel makaten: Lah Ingsun bakal malik gegamane perang kang sira cekel iku, lan sira anggo nanggulangi perange raja ing Babil lan para wong ing Kasdim, kang ngepung ing sajabaning balowarti: Ingsun bakal nglumpukake gegamane iku ana ing jero kutha iki.

5. Ingsun piyambak bakal perang nglawan marang sira kalawan ngayatake asta, lan bau kang rosa, klawan deduka, sarta bentering bebendu lan bramantya.

6. Ingsun bakal ndhawahake wewelak marang isine kutha iki, iya manungsa iya kewan, bakal padha mati dening pageblug kang ngebat-ebati.

7. Sawuse iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- Zedhekia, raja ing Yehuda, para punggawane tuwin para wong isining kutha, kekarene kang isih urip, ora tinempuh ing pageblug, pedhang lan paceklik, iku kabeh bakal Sunulungake marang tangane Nebukadnezar, raja ing Babil, yaiku mungsuhe, kang ngarah nyawane, banjur padha dipateni kalawan landheping pedhang tanpa pangeman, piwelas lan pangapura.

8. Nanging para kawula ing kene padha sira warahana mangkene: Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah Ingsun nedahake marganing urip lan pati.

9. Sing sapa tetep manggon ana ing kutha kene, bakal mati dening pedhang, paceklik lan pageblug, nanging sing sapa metu saka ing kene lan teluk marang ing Kasdim, kang ngepung sira, iku bakal urip; nyawane bakal kanggo rayahan kanggo para wong iku.

maca bab lengkap Yeremia 21