Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 20:10-16 Kitab Sutji (JAV)

10. Kawula sampun mireng reraosanipun tiyang kathah:“Pagiris teka saka ing ngendi-endi!Gugaten dheweke! Aku padha arep nggugat dheweke!”Kanca-kanca kenthel kawula piyambaksami ngintip punapa kawula kesandhung lajeng dhawah:“Bokmanawa dheweke kena diglembuk,temah bisa kita kalahake,lan kita bisa nandukake pamales marang dheweke!”

11. Nanging Sang Yehuwah nunggil kaliyan kawulakados sang prawira ingkang prakosa,pramila ingkang mbujeng kawula badhe kesandhung lan dhawah,lan boten saged nindakaken punapa-punapa.Sami badhe nandhang wirang sanget,amargi sami boten angsal damel;punika badhe dados kawirangan,ingkang salaminipun boten saged dipun supekaken!

12. Dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados,ingkang ndadar tiyang ingkang leres,sarta nguningani batos lan manah,keparenga kawula nyipati pamales Padukadhateng para tiyang punika,amargi prakawis punika sampun kawula pasrahaken dhumateng Paduka.

13. Ngidunga kagem Sang Yehuwah,ngaturna pamuji marang Sang Yehuwah!Amarga Panjenengane wus ngluwarinyawane wong miskin saka ing tangane wong kang nandukake piala.

14. Kenaa ing ipat-ipat dina kalairanku!Kareben aja diberkahi dina nalika ibuku nglairake aku!

15. Kenaa ing ipat-ipat wong kang nggawa kabarmarang bapakku, mangkene:“Panjenengan kaparingan putra kakung!”,kang njalari panjenengane rena banget.

16. Dina iku dadia kaya kutha-kutha,kang wus kawalik dening Sang Yehuwah tanpa sih-palimirma!Muga keprungua pasambat ing wayah esuk,lan swara gumeder ing wayah tengange!

maca bab lengkap Yeremia 20