Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 18:8-12 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.

9. Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.

10. Nanging manawa bangsa iku nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun lan ora ngrungokake marang dhawuhingSun, Ingsun dadine keduwung dene Ingsun bakal ndhatengake kauntungan kang Sunjanjekake marang bangsa iku.

11. Mulane sira ndhawuhana marang bangsa Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah Ingsun iki lagi nyepakake bilai tumrap sira lan nggalih pangrantam nglawan marang sira. Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!

12. Ewadene celathune wong-wong iku: Ora ana gunane! Amarga aku arep padha tumindak manut rancanganku dhewe lan arep nuruti tekading atiku dhewe-dhewe kang ala.”

maca bab lengkap Yeremia 18