Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 18:20-23 Kitab Sutji (JAV)

20. Kasaenan punapa badhe kawales piawon?Ewadene sami ndhudhuk luwangan kangge kawula!Paduka mugi ngengetana, bilih kawula sowan wontening ngarsa Paduka,saha nyuwunaken punapa ingkang sae tumrap para tiyang punika,supados kauwalna saking bebendu Paduka.

21. Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungakendhateng ing landheping pedhang!Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah!Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblugsarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan.

22. Kajengipun kepireng panjerit saking ing griyanipunsamangsa Paduka dadakan ndhatengaken grombolan rampog,amargi sami ndhudhuk luwangan kangge nyepeng kawula,lan sampun masang kalajiret kangge suku kawula.

23. Wondene Paduka, dhuh Sang Yehuwah, Paduka nguningani,sadaya rancanganipun anggenipun badhe mejahi kawula.Sampun Paduka apunten kalepatanipun,lan sampun Paduka ruwat dosanipunsaking ngarsa Paduka:Nanging mugi sami kesandhunga wonten ing ngarsa Paduka.Mugi karsaa tumindak ing dinten bebendu Paduka!

maca bab lengkap Yeremia 18