Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 18:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia mangkene:

2. “Enggal lungaa menyang omahe kundhi! Ana ing kana sira bakal Sunwedhari pangandikaningSun marang sira.”

3. Aku banjur mangkat menyang omahe kundhi lan kabeneran dheweke pinuju gawe grabah kalawan pirantine.

4. Samangsa grabah kang saka lempung kang ana ing tangane iku rusak, kundhi mau banjur mangun grabah iku maneh kadadekake grabah liyane, kang inganggep becik manut wawasane.

5. Nuli pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

6. “He turune Israel! Apa Ingsun ora bisa tumindak tumrap sira kaya kundhi iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Lah kayadene lempung kang ana ing tangane si kundhi iku, mangkono uga sira ana ing astaningSun, he turune Israel!

7. Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku.

8. Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhake kaya mangkono mau mratobat saka ing pialane, Ingsun temah dadi keduwung, dene Ingsun kok bakal ndhawahake bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.

9. Terkadhang Ingsun ngandika bab sawijining bangsa utawa nagara, menawa Ingsun karsa mbangun lan nanem iku.

maca bab lengkap Yeremia 18