Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 17:14-27 Kitab Sutji (JAV)

14. Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,temah kawula badhe saras;kawula mugi Paduka wilujengaken,temah kawula badhe wilujeng,amargi Paduka punika pepujan kawula!

15. Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula:“Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku?Cikbene saiki teka!”

16. Ewasamanten kawula boten nate ngajapdhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai,kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan;inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula,sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.

17. Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula,Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.

18. Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula,kajengipun nandhang wirang,nanging kawula sampun ngantos kawirangan;kajengipun sami giris,nanging kawula sampun ngantos giris.Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika,saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.

19. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem.

20. Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika! Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah!

21. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!

22. Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.

23. Ewadene para leluhurira padha ora ngrungokake, lan ora nggatekake, nanging padha nekad mbeguguk, temah ora ngrungokake lan ora gelem nampani pepeling.

24. Samangsa sira ngrungokake dhawuhingSun kalawan temen-temen, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --, lan ora nggawa mlebu samubarang liwat gapura-gapuraning kutha iki ing dina Sabat, nanging nucekake dina Sabat lan ora nglakoni pagawean ing dina iku,

25. gapura-gapura iku bakal kaliwatan para raja lan para panggedhe, kang bakal lungguh ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan jaran: para ratu iku, para panggedhene, para wong Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem. Sarta kutha iki bakal dienggoni ing wong ing salawase.

26. Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah.

27. Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”

maca bab lengkap Yeremia 17