Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 16:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “Sira aja ngepek bojo lan aja duwe anak lanang utawa wadon ana ing panggonan kene.

3. Amarga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah tumrap anak lanang lan wadon kang lair ana ing panggonan kene, lan tumrap biyung-biyunge kang nglairake bocah-bocah iku lan bapak-bapakne kang nganakake bocah-bocah iku ana ing nagara kene --:

4. Wong iku bakal padha mati, amarga lelara-lelara kang marakake mati, ora bakal padha dilayad lan ora bakal dikubur, bakal padha dadi rabuk ana ing pategalan, bakal padha tumpes dening pedhang lan pailan, mayite bakal padha dadi pakaning manuk-manuk ing awang-awang lan sato kewan ing bumi.

5. Dene, mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Aja lumebu ing omahe wong kang kasripahan, lan aja urun tangis sarta belasungkawa, amarga Ingsun wus mundhut tentrem rahayune bangsa iki, kang wus Sunparingake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -, lan uga sih kadarman lan sih-piwelasingSun.

6. Para wong gedhe lan wong cilik ing tanah kene bakal padha mati; ora dikubur, ora ana kang nglayad utawa kang mbeleki kulite lan kang nggundhuli sirahe, marga saka kang mati mau,

7. uga ora ana kang nyuwil-nyuwil roti palayadan kagawe nglipur wong kang kepaten. Malah ora ana kang ngulungi tuwung panglipur marang dheweke, marga kepaten bapa utawa biyunge.

8. Aja lumebu ing omahe wong ropyan-ropyan sumedya njagongi, melu mangan lan ngombe karo wong iku.

maca bab lengkap Yeremia 16