Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 15:7-16 Kitab Sutji (JAV)

7. Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampahana ing kutha-kuthaning nagara.Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes,amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.

8. Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihicacahe wedhining sagara.Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyunglan nom-nomane ing wayah awan.Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.

9. Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek,tumrap dheweke srengenge wus surupsanadyan ing wayah awan,sarta nandhang wirang isin.Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

10. Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula,tiyang ingkang dados wijining pabenlan garejegan tumrap tiyang sanagari.Kula sanes tiyang ingkang nyambutakenutawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena,nanging sadaya sami nyupaosi kula.

11. Saestu, dhuh Sang Yehuwah, kawula sampun ngladosi Paduka kalayan tumemen sanget,lan sampun mbelani mengsah wonten ing ngarsa Padukaing wekdal nandhang bilai lan karupekan!

12. Apa wong bisa mutung wesi, wesi saka ing tanah lor lan tembaga?

13. “Kasugihan lan rajabrananirabakal Sunulungake dadi rayahan,minangka ganjaran tumrap sakehing dosaniraana ing saindenging tlatahira.

14. Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira,ana ing nagara kang ora sira sumurupi,amarga bebenduningSun wus metokake geni,kang mulad-mulad ngenani sira.”

15. Dhuh Sang Yehuwah, Paduka sampun nguningani bab punika,mugi ngengetana lan nggaliha dhumateng kawula;Paduka mugi karsaa malesaken kawulatumrap tiyang ingkang sami mbujeng kawula.Sampun ngantos Paduka kendelaken kawula dipun pendhet,amargi agenging kasabaran Paduka,mugi Paduka uningani, bilih anggen kawula cinampahan punika margi saking Paduka.

16. Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka,lajeng kawula raosaken nikmatipun;pangandika Paduka punika dados kabingahan kawulasaha nyenengaken manah kawula,amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula,dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.

maca bab lengkap Yeremia 15