Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 15:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Lan saupama padha takon marang sira: Kula sami kadhawuhan kesah dhateng pundi? wangsulana mangkene: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah:Sing marang pati, maranga ing pati!Sing marang pedhang, maranga ing pedhang!Sing marang pailan, maranga ing pailan!Sing menyang tawanan, menyanga ing tawanan!

3. Ingsun bakal ndhatengake paukuman patang warna, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --: pedhang kang memateni, asu-asu kang ngeret-eret, manuk-manuk ing awang-awang lan kewan-kewan ing bumi, kang padha mangsa lan ngrusak.

4. Kanthi patrap mangkono wong iku bakal padha Sundamel pangewan-ewan tumrap sakehing karajan ing donya, jalaran saka panggawene Manasye bin Hizkia, ratu Yehuda, ing Yerusalem.”

5. “He Yerusalem, sapa kang bakal duwe welas marang sira,lan sapa kang bakal bela sungkawa marang sira?Sapa kang bakal ngampiri nakokake mungguh ing kaslametanira?

6. Sira dhewe wus nampik Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --,sarta wus lunga nyingkur Ingsun.Mulane Ingsun ngayatake astaningSun lan numpes sira;Ingsun wus kesel anggoningSun ngraosake piduwung.

7. Ingsun napeni wong-wong iku kalawan tampahana ing kutha-kuthaning nagara.Ingsun wus ndadekake umatingSun padha kelangan anak lan padha Suntumpes,amarga ora padha mratobat saka polah tingkahe.

8. Randha-randhane wus Sundadekake akeh ngluwihicacahe wedhining sagara.Ingsun ndhatengake juru pangrusak tumrap para biyunglan nom-nomane ing wayah awan.Kanthi dadakan Sundhawahi pagiris lan horeg.

9. Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek,tumrap dheweke srengenge wus surupsanadyan ing wayah awan,sarta nandhang wirang isin.Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe.Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

10. Cilaka kula punika, dhuh ibu, dene panjenengan nglairaken kula,tiyang ingkang dados wijining pabenlan garejegan tumrap tiyang sanagari.Kula sanes tiyang ingkang nyambutakenutawi tiyang ingkang nyambut dhateng sinten-sintena,nanging sadaya sami nyupaosi kula.

maca bab lengkap Yeremia 15