Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 15:19-21 Kitab Sutji (JAV)

19. Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene:“Manawa sira gelem mratobat,Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh,lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor,sira bakal dadi lesaningSun.Sanadyan wong iku padha bali marani sira,nanging sira ora prelu bali marang wong iku.

20. Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembagakang santosa tumrap bangsa iki;wong iku bakal padha merangi sira,nanging ora bisa menang,amarga Ingsun nganthi sira,sira Sunslametake lan Sunluwari. --Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21. Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka,lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”

maca bab lengkap Yeremia 15