Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 15:16-21 Kitab Sutji (JAV)

16. Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka,lajeng kawula raosaken nikmatipun;pangandika Paduka punika dados kabingahan kawulasaha nyenengaken manah kawula,amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula,dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.

17. Kawula boten nate jejagongan tumut seneng-senengkaliyan para tiyang ingkang sami gegujengan,amargi kawula kapetel dening asta Paduka,kawula lajeng linggih piyambakanawit Paduka sampun ngebaki nepsu manah kawula.

18. Punapaa dene reribed kawula boten telas-telaslan tatu kawula awrat sanget,ngantos angel dipun jampeni?Saestu Paduka punika dados lepen ingkang ngapirani,toyanipun boten kenging dipun jagekaken.

19. Mulane paring wangsulane Sang Yehuwah mangkene:“Manawa sira gelem mratobat,Ingsun bakal mbalekake sira ngadhep ana ing ngarsaningSun maneh,lan manawa sira ngucapake apa kang aji sarta ora asor,sira bakal dadi lesaningSun.Sanadyan wong iku padha bali marani sira,nanging sira ora prelu bali marang wong iku.

20. Ingsun bakal ndadekake sira dadi balowarti tembagakang santosa tumrap bangsa iki;wong iku bakal padha merangi sira,nanging ora bisa menang,amarga Ingsun nganthi sira,sira Sunslametake lan Sunluwari. --Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

21. Ingsun bakal ngluwari sira saka tangane wong duraka,lan ngrebat sira saka ing cengkeremane para wong kang ambeksiya.”

maca bab lengkap Yeremia 15