Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 14:16-22 Kitab Sutji (JAV)

16. Lan bangsa kang padha diwecani iku bakal padha mati gelangsaran ana ing lurung-lurunge Yerusalem marga saka perang lan pailan, lan ora ana wong kang bakal mendhem wong-wong iku: iya wong-wong iku dhewe, bojone sarta anak-anake lanang lan wadon. Kaya mangkono anggoningSun bakal nempuhake pialane marang wong-wong iku.”

17. Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku:“Luhku crocosanrina-wengi tanpa kendhat,awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget,tatune ora bisa ditambani babar pisan.

18. Manawa aku metu menyang ing ara-araing kana ana wong kang padha mati,marga diprajaya ing pedhang!Manawa aku lumebu ing kuthaing kana ana wong kang padha lara kaliren!Dalah nabi lan imampadha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.”

19. Yehuda punapa Paduka tampik babar pisan?Panggalih Paduka punapa jeleh dhateng Sion?Punapaa dene kawula sami Paduka gebagingantos boten saged mantun babar pisan?Kawula sami ngajeng-ajeng tentrem rahayu,nanging boten wonten punapa-punapa ingkang sae,ngantos-antos kasarasan,nanging ingkang wonten namung pagiris.

20. Dhuh Sang Yehuwah, kawula sami ngrumaosi kadursilan kawulalan durakanipun leluhur kawula;sayektos, kawula damel dosa dhumateng Paduka.

21. Paduka mugi sampun nampik kawula sadaya, amargi saking asma Paduka,sampun ngantos nyepelekaken kaluhuranipun dhampar Paduka.Mugi ngengetana dhateng prasetyan Padukakaliyan kawula sadaya, sampun Paduka batalaken!

22. Saking panunggilanipun para dewaning para bangsa,ingkang tanpa gina punika,punapa wonten ingkang saged ndhawahaken jawah?Punapa langit piyambak saged nyukani jawah deres?Rak namung Paduka piyambak, dhuh Sang Yehuwah,Allah kawula, Andel-andel kawula ingkang nindakaken prakawis punika sadaya?

maca bab lengkap Yeremia 14