Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 14:15-20 Kitab Sutji (JAV)

15. Mulane pangandikane Sang Yehuwah tumrap para nabi kang padha meca demi asmaningSun, -- mangka Ingsun ora ngutus wong-wong iku, lan kang kandha: Ing kene ora bakal ketekan perang lan pailan -- : Para nabi iku dhewe kang bakal tumpes dening perang lan pailan!

16. Lan bangsa kang padha diwecani iku bakal padha mati gelangsaran ana ing lurung-lurunge Yerusalem marga saka perang lan pailan, lan ora ana wong kang bakal mendhem wong-wong iku: iya wong-wong iku dhewe, bojone sarta anak-anake lanang lan wadon. Kaya mangkono anggoningSun bakal nempuhake pialane marang wong-wong iku.”

17. Kandhakna tembung iki marang wong-wong iku:“Luhku crocosanrina-wengi tanpa kendhat,awit kenya, putrining bangsaku, kataton banget,tatune ora bisa ditambani babar pisan.

18. Manawa aku metu menyang ing ara-araing kana ana wong kang padha mati,marga diprajaya ing pedhang!Manawa aku lumebu ing kuthaing kana ana wong kang padha lara kaliren!Dalah nabi lan imampadha nglambrang ana ing nagara kang ora disumurupi.”

19. Yehuda punapa Paduka tampik babar pisan?Panggalih Paduka punapa jeleh dhateng Sion?Punapaa dene kawula sami Paduka gebagingantos boten saged mantun babar pisan?Kawula sami ngajeng-ajeng tentrem rahayu,nanging boten wonten punapa-punapa ingkang sae,ngantos-antos kasarasan,nanging ingkang wonten namung pagiris.

20. Dhuh Sang Yehuwah, kawula sami ngrumaosi kadursilan kawulalan durakanipun leluhur kawula;sayektos, kawula damel dosa dhumateng Paduka.

maca bab lengkap Yeremia 14