Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 14:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia bab mangsa ngerak.

2. Yehuda ngrudatin,gapurane padha ambruk,lan katon memelas njepaplang ana ing lemah;pasambate Yerusalem muluk mandhuwur.

3. Para panggedhene padha utusan abdi-abdine golek banyu,padha tekan ing sumur-sumur,nanging ora oleh banyu,satemah padha bali kalawan kendhi-kendhi kang isih kothong.Padha isin, polatane kucem,temah sirahe dikudhungi.

4. Pagawean ing pategalan wus kandheg,amarga ora ana udan ing nagara,satemah wong tani padha kegelan lan sirahe dikudhungi.

5. Malah ana menjangan ing ara-arakang ninggal lunga anake kang lagi lair,awit ora ana suket nom.

6. Kuldi alasan padha ngadeg ana ing tengger-tengger gundhul,mangap-mangap kaya asu ajag,matane nglentrih, amarga ora ana suket.

7. “Dhuh Sang Yehuwah, sanadyan duraka kawulasadaya sami nggigat kawula,mugi Paduka karsaa paring pambiyantu dhumateng kawula,margi saking asma Paduka!Awit kathah panasar kawula,kawula sami damel dosa wonten ing ngarsa Paduka.

8. Dhuh Andel-andelipun Israel,Juru-pitulung ing wekdal karibedan!Punapaa dene Paduka kados tiyang ngamancawonten ing nagari ngriki?kados tiyang lelana ingkang namung mampirbadhe sipeng kemawon?

9. Punapaa dene Paduka kados tiyang bingung,kadosdene pahlawan ingkang boten sagah mitulungi?Nanging Paduka rak wonten ing tengah-tengah kawula,dhuh Sang Yehuwah, lan asma Paduka sinebat ing nginggil kawula.Kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken!”

10. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap bangsa iki: “Wong iku padha seneng nglembara lan ora ngampah sikile. Mulane ora ndadekake keparenge Sang Yehuwah, nanging samengko Panjenengane karsa ngengeti durakane lan arep ngukum dosane.”

11. Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Sira aja ndedonga amrih becike bangsa iki!

12. Sanadyan padha puwasa Ingsun ora bakal miyarsakake; sanadyan padha ngaturake kurban obaran lan kurban dhaharan, Ingsun ora bakal karenan marang bangsa iki, nanging Ingsun bakal numpes bangsa iki kalawan pedhang, pailan lan pageblug.”

maca bab lengkap Yeremia 14