Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 12:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsaniraiku wus padha nyidrani sira:iku uga bebarengan ana ing burinira.Aja padha sira andel, sanadyan tembungemanis marang sira.

7. Ingsun wus nilar padalemaningSun,nagara kagunganingSun wus Sunbucal,gantilaning galihingSun wus Sunpasrahakemarang mungsuhe.

8. Nagara kagunganingSun wus dadi kayasinga ing alas tumrap Ingsun.Dheweke nyenggrang Ingsun,mulane Sunsengiti.

9. Nagara kagunganingSun wus dadikaya manuk belang tumrap Ingsun;manuk galak padha ngrubung.Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna,giringen mrene kareben ngentekake iku!

10. Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun,ngicak-icak palemahan kang Sunremenididadekake ara-ara kang sepi samun.

11. Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun,sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun.Saindenging nagara iku sepi mamring,nanging ora ana wong kang nggatekake.

12. Para pangrusak wus padha tekangliwati tengger gundhul ing ara-ara samun,amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa,saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijineora ana katentreman tumrap sabarang kang urip.

13. Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni,anggone nggarap gawe kanthi rekasa,mung bae ora ana pituwase,padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene,wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”

maca bab lengkap Yeremia 12