Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 12:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. “Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat,kang marakake sayahira,kapriye bisanira balapan karo jaran?Manawa ana ing tanah kang tentrem,sira ora rumangsa ayem,kapriye bakal polahira ana ing grumbulaning sapinggire bengawan Yarden?

6. Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsaniraiku wus padha nyidrani sira:iku uga bebarengan ana ing burinira.Aja padha sira andel, sanadyan tembungemanis marang sira.

7. Ingsun wus nilar padalemaningSun,nagara kagunganingSun wus Sunbucal,gantilaning galihingSun wus Sunpasrahakemarang mungsuhe.

8. Nagara kagunganingSun wus dadi kayasinga ing alas tumrap Ingsun.Dheweke nyenggrang Ingsun,mulane Sunsengiti.

9. Nagara kagunganingSun wus dadikaya manuk belang tumrap Ingsun;manuk galak padha ngrubung.Payo, sakehing kewan ing ara-ara padha klumpukna,giringen mrene kareben ngentekake iku!

10. Akeh pangon kang wus padha ngrusak kebon angguringSun,ngicak-icak palemahan kang Sunremenididadekake ara-ara kang sepi samun.

11. Pancen mangkono, tanahe wus kadadekake sepi samun,sepi sepen nyedhihake ana ing ngarsaningSun.Saindenging nagara iku sepi mamring,nanging ora ana wong kang nggatekake.

12. Para pangrusak wus padha tekangliwati tengger gundhul ing ara-ara samun,amarga pedhange Sang Yehuwah ngamuk memangsa,saka poncoting nagara kang siji tekan ing poncot sijineora ana katentreman tumrap sabarang kang urip.

13. Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni,anggone nggarap gawe kanthi rekasa,mung bae ora ana pituwase,padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene,wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”

14. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.

15. Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.

16. Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.

maca bab lengkap Yeremia 12