Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 12:4-7 Kitab Sutji (JAV)

4. Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing,lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum?Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngrikusato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna,awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”

5. “Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat,kang marakake sayahira,kapriye bisanira balapan karo jaran?Manawa ana ing tanah kang tentrem,sira ora rumangsa ayem,kapriye bakal polahira ana ing grumbulaning sapinggire bengawan Yarden?

6. Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsaniraiku wus padha nyidrani sira:iku uga bebarengan ana ing burinira.Aja padha sira andel, sanadyan tembungemanis marang sira.

7. Ingsun wus nilar padalemaningSun,nagara kagunganingSun wus Sunbucal,gantilaning galihingSun wus Sunpasrahakemarang mungsuhe.

maca bab lengkap Yeremia 12