Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 12:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong wus padha nyebar gandum, nanging eri bebondhotan kang dieneni,anggone nggarap gawe kanthi rekasa,mung bae ora ana pituwase,padha nandhang wirang marga saka oleh-olehaning penggawene,wohing bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad.”

14. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Mungguh para tangganingSun kang dursila, kang wus ngrusuhi nagara, kang wus Sunparingake dadi tanah pusaka marang umatingSun Israel, lah dheweke bakal padha Sunbethot saka ing tanahe sarta turune Yehuda bakal Sunbethot saka ing antarane wong-wong mau.

15. Nanging sawuse Sunbethot, bakal Suntresnani maneh, Ingsun bakal ngulihake siji-sijine menyang ing tanah pusakane lan nagarane dhewe-dhewe.

16. Dene manawa padha sinau carane uripe umatingSun lan banjur ngucapake supata atas asmaningSun: Demi asmane Sang Yehuwah kang gesang, kaya nalikane padha mulang umatingSun supata demi Baal, bangsa iku bakal Sunbangun ana ing antaraning umatingSun.

17. Nanging manawa padha lumuh ngrungokake, Ingsun mesthi bakal mbethot lan numpes bangsa kang kaya mangkono iku. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeremia 12