Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 12:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Dhuh Sang Yehuwah, Paduka pancen leres, manawi kawula paben kaliyan Paduka!Namung kawula badhe kumedah-kedah maturdhumateng Paduka bab kaadilan.Punapaa dene gesangipun tiyang duraka kok begja,lan sadaya tiyang ingkang boten setya sami manggih kasantosan?

2. Paduka tuwuhaken ngantos sami ngoyod,gesangipun ngrembaka lan ngedalaken woh ugi.Asma Paduka dipun ucapaken ing lambenipun,nanging batosipun tebih saking Paduka.

3. Dhuh Yehuwah, Paduka tepang lan nguningani kawula,lan Paduka ndadar kadospundi sungkem kawula dhumateng Paduka.Tiyang punika mugi Paduka gered medalkados menda-menda pragatan,lan mugi Paduka pijekaken kangge ing dinten pemragatan.

4. Ngantos pinten dangunipun malih nagari punika dados garing,lan rumput ing ara-ara sadaya sami alum?Margi saking durakanipun ingkang sami manggen ing ngrikusato kewan saha peksi-peksi sami tumpes sirna,awit pangintenipun: “Dheweke ora bakal meruhi tindak-tanduk kita!”

5. “Manawa sira wus lumayu mbarengi wong mlaku dharat,kang marakake sayahira,kapriye bisanira balapan karo jaran?Manawa ana ing tanah kang tentrem,sira ora rumangsa ayem,kapriye bakal polahira ana ing grumbulaning sapinggire bengawan Yarden?

6. Amarga sadulur-sadulurira lan kulawangsaniraiku wus padha nyidrani sira:iku uga bebarengan ana ing burinira.Aja padha sira andel, sanadyan tembungemanis marang sira.

7. Ingsun wus nilar padalemaningSun,nagara kagunganingSun wus Sunbucal,gantilaning galihingSun wus Sunpasrahakemarang mungsuhe.

8. Nagara kagunganingSun wus dadi kayasinga ing alas tumrap Ingsun.Dheweke nyenggrang Ingsun,mulane Sunsengiti.

maca bab lengkap Yeremia 12