Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 10:16-25 Kitab Sutji (JAV)

16. Panjenengane kang dadi pandumane Yakub ora kaya mangkono kaanane,amarga Panjenengane kang mangun samubarang kabeh,lan Israel iku uamt kagungane,asmane yaiku Sang Yehuwah,Gustining kang sarwa dumadi.

17. He para wong kang ana ing pangepungan,barang-barangmu gawanana saka ing nagara kene.

18. Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah:“Lah sapisan ikiIngsun bakal mbuncang wong isining kutha iki,lan bakal Sunrupekake, supaya padha krasa.”

19. Adhuh cilaka aku, marga saka lelaraku,tatuku ora bisa mari!Aku nggagas: “Ah ikikasusahan kang kudu daksandhang!”

20. Kemahku wus rusaklan taline wus pedhot kabeh.Anak-anakku wus padha ninggal aku,wus ora ana maneh,wus ora ana kang ngadegake kemahkulan kang menthang tendhaku.

21. Sanyata, para pangon wus padha tanpa budi,padha ora neges marang pitedahe Sang Yehuwah.Mulane padha ora nemu begja,lan sakehing kewan pepanthane padha pating blesar.

22. Ana warta kang keprungu, unine:Ana pageger gedhe kang bakal teka saka ing tanah lor,kang bakal gawe kutha-kutha ing Yehudapadha dadi sepi mamring, dadi pandhelikane asu ajag.

23. Dhuh Sang Yehuwah, kawula mangretos,bilih manungsa punika boten gadhah pangwaosnetepaken marginipun piyambak,lan tiyang ingkang andon lampah boten gadhahpangwaos netepaken jangkahipun.

24. Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka perdi,nanging ing samajadipun,sampun klayan bebendu Paduka,supados kawula sampun ngantos Paduka sirnakaken!

25. Bebendu Paduka mugi Paduka esokakendhateng para bangsa ingkang boten tepang kaliyan Padukasarta dhateng para jinis ingkang sami boten nyebut asma Paduka,amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telassarta padununganipun kadadosaken jugrugan.

maca bab lengkap Yeremia 10