Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 8:11-18 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing ngarepe katon ana pinituwaning turune Israel pitung puluh kang padha ngadeg, Yaazanya bin Safan ana ing satengahe wong-wong mau, kabeh padha nyekel bokor padupan; kukusing dupa kang arum kumelun.

12. Aku banjur dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng apa kang katindakake dening para pinituwaning turune Israel ana ing pepeteng ana ing sajroning kamare dhewe-dhewe kang ana gambare ukir-ukiran? Amarga padha celathu mangkene: Pangeran Yehuwah ora mirsa kita; Pangeran Yehuwah wus nilar tanah kene.”

13. Pangandikane maneh mangkene: “Sira bakal ndeleng panggawe nistha kang ngluwihi gedhene maneh, kang padha dilakoni.”

14. Aku banjur kabekta menyang ing sacedhaking lawang gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah ing sisih lor, lah ing kono ana wong wadon kang padha nangisi Bathara Tamus.

15. Aku nuli dipangandikani mangkene: “He, anaking manungsa, apa sira wus ndeleng kang padha ditindakake? Sira isih bakal ndeleng panggawe-panggawe kang nisthani ngluwihi iki banget.”

16. Sawuse mangkono aku banjur dibekta menyang ing platarane njero padalemaning Yehuwah; lah ing sacedhake dalan lumebu marang ing padalemane Pangeran Yehuwah, ing antarane bale Pasucen lan misbyah ana wong lanang kira-kira selawe kang padha ngungkurake padalemane Pangeran Yehuwah, lan padha madhep mangetan kalawan sujud marang srengenge kang ana ing sisih wetan.

17. Aku tumuli dipangandikani: “Apa sira wus ndeleng iku, he anaking manungsa? Apa iki prakara remeh, panggawe-panggawe nistha kang dilakoni dening turune Yehuda ana ing kene iki? Dene tanah iki malah banjur wus dikebaki ing panganiaya, lan marga saka mangkono terus bae anggone gawe gerahing panggalihingSun.

18. Mulane bakal Sunwales kalawan bebenduningSun. Ingsun ora bakal rumaos eman lan ora bakal nandukake kawelasan sarta sanadyan padha sesambat marang Ingsun kalawan sora, ora bakal Sunpiyarsakake.”

maca bab lengkap Yeheskiel 8