Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 6:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Mayit-mayite wong Israel bakal Sununcalake marang ing ngarepe para brahalane tuwin balung-balungira menyang ing sakubenging misbyah-misbyahira.

6. Ana ing ngendi bae pamanggonira, kutha-kuthanira bakal dadi jugrugan lan tengger-tengger panggonanira saos kurban bakal dadi sepi mamring, supaya misbyah-misbyahira karemuk lan tininggal sepi mamring, brahala-brahalanira diejur-ejur lan disirnakake, padupan-padupanira dilebur sarta gegaweaning tanganira padha kamusnakake.

7. Wong-wongira kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

8. Nanging saperangan, yaiku kang oncat saka pedhang, iku bakal Sunlestarekake urip ana ing satengahing para bangsa, samangsa sira padha kasebar-sebar menyang ing nagara-nagara iku.

9. Ana ing tengahing para bangsa, para wong kang oncat saka ing antaranira kang padha katawan mau, bakal padha eling marang Ingsun, yaiku nalika Ingsun wus ngremuk atine kang laku jina, kang wus ngedohi Ingsun lan kang mripate wus ngalih arahe, kang tansah laku jina ngenut marang para brahalane; iku dhewe bakal ngrumangsani nisthaning awake, nyumurupi piala kang katindakake lan nyumurupi sakehing panggawene kang nistha.

10. Banjur bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah lan ora omong kosong, manawa Ingsun ngandika bakal ndhatengake bilai marang wong-wong mau.”

11. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Keploka lan gedrugna sikilira ing lemah sarta nguwuha: Diawas! Marga saka sakehing panggawene turune Israel kang nistha lan ala, wong-wong iku bakal padha ambruk mati dening pedhang, kaliren lan dening pageblug.

12. Kang adoh bakal mati kena ing pageblug, kang cedhak bakal ambruk dening pedhang, dene kang oncat lan kapitulungan bakal mati kaliren. Mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau.

13. Lan sira bakal sumurup, yen Ingsun iku Yehuwah, yaiku nalika wong-wonge kang pinatenan padha pating glimpang ana ing tengahing para brahalane ing sakubenge misbyah-misbyahe, ing saben tengger kang dhuwur lan ing saben pucuking gunung, ing sangisoring saben wit kang ngrembuyung, ing saben wit elah kang ngrempoyok, papan-papan kang kanggo nganakake kurban kang arum marang sakehing brahalane.

14. Ingsun bakal ngayatake astaningSun bakal nglawan wong-wong mau lan tanahe, ana ing ngendi bae pamanggone, bakal Sunsirnakake lan Sundadekake sepi mamring wiwit ing pasamunan nganti tumeka ing Ribla, nuli bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap Yeheskiel 6