Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeheskiel 48:24-35 Kitab Sutji (JAV)

24. Adu wates karo wilayahe Benyamin, wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Simeon.

25. Adu wates karo wilayahe Simeon wiwit ing tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon iku kanggo Isakhar.

26. Adu wates karo wilayahe Isakhar, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Zebulon.

27. Adu wates karo wilayahe Zebulon, wiwit ing tapel-wates wetan tekan tapel-wates kulon, iku kanggo Gad.

28. Tapel-watese wilayahe Gad iku ing sisih kidul wiwit saka Tamar nganti tekan ing kali Mesir, terus tekan ing sagara gedhe.

29. Yaiki nagara kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusaka ana ing antarane suku-suku Israel, lan iku bagean-bageane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

30. “Iki lawang-lawange metu kutha iku: ing sisih lor, kang ukurane patang ewu limang atus asta,

31. ana gapurane telu, gapura Ruben, gapura Yehuda lan gapura Lewi -- amarga gapura-gapura kutha iku dijenengake manut jeneng-jenenge suku-suku Israel --.

32. Ing sisih wetan kang ukurane patang ewu limang atus asta, ana gapurane telu, iku gapura Yusup, gapura Benyamin lan gapura Dhan.

33. Ing sisih kidul, kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Simeon, gapura Isakhar lan gapura Zebulon.

34. Ing sisih kulon kang ukurane patang ewu limang atus asta, uga ana gapurane telu, iku gapura Gad, gapura Asyer lan gapura Naftali.

35. Dadi kubenge kutha iku ana wolulas ewu asta. Wiwit nalika iku jenenge kutha iku: Sang Yehuwah ana ing kono.”

maca bab lengkap Yeheskiel 48